Serat Pambuka

Sakpunika sampun dinten terakhir wulan Januari. Kamangka kula sampun gadhah pepengin badhe andamel seratan mawi basa Jawi paling boten sewulan sepindhah wonten blog punika. Punika pepengin kula ing warsa 2013, mugi-mugi dinten punika dereng kapitung telat nggih.

Gambar

Seratan mawi basa Jawi punika badhe kula khususaken bab tembang dolanan ingkang dipun wucalaken Grandpa dumateng Hanif awit Hanif bayi orok ngantos sakpunika. Tembang tinembang punika sae sanget kagem sedaya lare. Mugi-mugi saged dados manfaat kagem rencang-rencang sedaya.